Wednesday, September 5, 2012

Sahabat Sejati [Mahesasura Jathasura]

Jathasura iku raksesa kang wewujudane kaya bantheng lan duwe rambut ing gulune. Jathasura mapan ing Guwa Kiskendha lan dadi tunggangan kapracayane Prabu Maesasura., ratu Nagara Guwa Kiskendha.
Jathasura dhewe kapetung sedulur tunggal guru karo ratune, mula dadi sajiwa karo dheweke. Manawa Prabu Maesasura mati, banjur dilumpati Jathasura, bisa bali urip maneh. Semana uga kosok waline, saengga angel tenan diperjaya amarga Prabu Maesasura lan Jathasura matinu kudu dipateni bebarengan.

Nalika Suralaya digebug dening Prabu Maesasura, para bathara ngutus Sugriwa lan Subali supaya bisa merjaya Maesasura. Subali kang was nemokake cara kanggo mateni Maesasura banjur mara ing Guwa Kiskendha lan nitip pesen marang Sugriwa, manawa mengko ana getih kang mili lan warnane abang lan putih tegese Subali wis mati sampyuh karo mungsuhe ing njero Guwa.
Subali banjur mlebu Guwa Kiskendha lan perang lawan mungsuh cacah loro yakuwi Maesasura lan Jathasura. Wusanane dheweke bisa nemokake cara kanggo merjaya mungsuh cacah loro mau, yaiku kanthi cara dikumba lan diadu sirahe, dijeblesake siji marang sijine saengga mungsuh cacah loro iku padha mati bebarengan kanthi sirah pecah.
Nalika Maesasura lan Jathasura mati, saka njero Guwa mili warna abang campur putih. Warna putih iku sajane warna isi otake Maesasura lan Jathasura. Nanging, Sugriwa ngirane Subali wis mati sampyuh karo Maesasura. Sugriwa banjur nutup lawang Guwa iku kanggo watu gedhe, kaya dene pesene Subali nalika arep ngleboni Guwa, banjur lunga saka papaniku lan lapuran marang Bathara Indra ngenani pangurbanane kakange mau.

Artikel Terkait



No comments:

Post a Comment

Tentang Jiwaku

My photo
Republik Gelap mencoba menggambarkan (Menjelaskan) tentang sisi lain dari kehidupan, Hitam bukan selalu Buruk, Dan Putih bukan selalu Baik. Di Blog ini Aku coba gambarkan tentang sebuah perasaan yang muncul pada suatu waktu, berupa tulisan, puisi atau cerita dalam bentuk wayang. Apabila ada kata yang dirasa kurang enak hal ini karena aku berusaha mengungkapkan seadanya, tanpa ditutupi.